contoh pranoto adicoro



PRANOTO HADICORO PENGAOSAN IBU IBU MUSLIMAT AL-ISTIQOMAH PLUGON

Assalamualakum wr.wb.
Bismillahirrohmanirrohim, alhamdulillahirobbil ‘alamin, wabihi nasta’inu ‘ala umuriddunya waddin,  wassholatu wassalamu ‘ala asrofil ambiya’i walmursalin, sayyidina muhammadin, wa ‘ala alihi wa shohbihi ajma’in, ammaba’du.
Nuwun kawulo nuwun, wonten pangarsanipun poro sepuh, adi sepuh, aji sepuh, ingkang kulo bektosi,
Dumateng poro ngalim ingkang kulo dhereki soho kulo takdzimi linangkung bopo ustadz........ingkang kulo antu fatwa miwah pitutur luhuripun,
Ahli jama’ah rohimakummulloh...
Langkung rumiyin sumonggo sareng sareng mboten kendat ngunjukaken raos puji dalah syukur wonten pangayunan dalem gusthi Allah SWT, ingkang sampun hambabar kenikmatan, kesarasan, soho kawilujengan dumateng kulo panjenengan sedoyo, satemah saged kempal manunggal wonten ing puniko majlis.
Sholawat miwah salamipun Allah tansah kalanggengno dumateng  gusthi kanjeng rosul nabi Muhammad SAW ingkang kulo lan panjenengan antu antu menggah syafa’atipun min hadzihi sa’ah ila yaumil qiyamah, amiin.
Saklajengipun mulat suasono sampun dumugi titiwanci  lan ngengeti wekdal ingkang sampun siyang, pramilo adicoro pengaosan wonten ing wekdal puniko tumuli kawiwitan.  Ananging sakderengipun badhe kulo aturaken toto urut rinakiting hadicoro ingkang badhe katiti sesarengan.


1.     Pambuko / iftitahul majlis
2.     Waosan Sholawat nabi
3.     Sambutan utawi atur pangandikan
a.      Ketua Muslimat
b.     Bapak Rois / Takmir Masjid Al- Istiqomah
4.     Inti pengaosan
5.     Monco warni
6.     Penutup
Mekaten wau adicoro ingkang badhe katiti sesarengan. Kangge hanggemeni wekdal, sumonggo kito wiwiti adicoro ingkang ongko sepisan inggih puniko pambuko. Monggo sareng-sareng adicoro pengaosan puniko kito purwakani kanthi waosan ummul kitab sesarengan.
(liridhoillah, wali syafa’ati rasulillah, walikulli niatin sholihah, alfatihah....)
Mekaten, mugi mugi kanthi waosan ummul qur’an kolo wau saged mahanani rancaking pengaosan wonten ing wanci puniko, amiin.
Kalajenganken adicoro ingkang nomor kalih inggih meniko sholawat nabi ingkang badhe dipunpangarsani panjenenganipun  ibu/mbak...............dumateng ibu/mbak.......... sumonggo katur.
Matur nuwun kaaturaken dumateng ibu/mbak.... mugi-mugi kulo panjenengan sami tansah pikanthuk syafa’atipun kanjeng nabi Muhammad SAW minaddunya hatal akhiroh, amiin.
Tumapak titi laksono ingkang ongko tigo non injih sambutan – sambutan utawi sabda pangandiko
Sambutan ingkang nomer sepisan inggih puniko saking sesepuh muslimat dusun Plugon. Pramilo ingkang meniko dumateng Ibu Siti Fatimah wekdal kulo sumanggaaken.
Mekaten wau sambutan saking Ibu ketua muslimat masithoh, dumateng panjenenganipun kulo aturaken matur nuwun.
Tumuli sabutan ingkang ongko kalih kulo suwunaken saking panjenenganipun bapak rois (bapak takmir masjid al istiqomah). Dumateng panjenanganipun sumonggo katur.
Bapak / ibu poro rawuh ingkang kulo hormati mekaten wau sambutan saking bapak rois, dumateng panjenenganipun kaaturaken matur nuwun.
Sakderengipun titilaksono dipun lajengaken, wekdal kasuwun kangge sumene sakwetawis.
Bapak ibu ingkang kulo hormati mboten ateges ngirangi kamardikan anggenipun sami ngunjuk nopo dene dhahar ananging wekdal sumene kaanggep cekap.
Pramilo hangancik titilaksono saklajengipun inggih puniko inti pengaosan, ingkang kito suwunaken saking panjenenganipun bpk ustadz........ lan samangke kasuwun berkah doanipun. Dumateng panjenenganipun bapak ustadz........ kasumanggaaken. (Shollu ‘ala nabi Muhammad)
Mekaten wedaring inti pengaosan titiwanci puniko. Dumateng panjenenganipun bapak ustadz ....... kaatur ‘’jazakumulloh khoiron jaza’ ‘’
Hadicoro ingkang ongko gangsal non injih monco warni. Dumateng ibu soho ahli pengaosan ing mbok bilih wonten atur pangandikan kulo caosi wekdal, sumonggo.
Dumateng poro rawuh ahli pengaosan lumadi adicoro ingkang pungkasan injih puniko panutup. Kulo ingkang handherekaken titilaksananeng pepanggihan purwo, madya, wusono, wonten kekirangan lan kalepatan nyuwun lumunturung pangaksomo. Sumonggo kito pungkasi kanthi waosan doa kafarotul majlis...
(SUBHANAKALLAHUMMA,WABIHAMDIKA, ASYHADUALLAILAHA  ILLA ANTA, ASTAGHFIRUKA, WAATUBU ILAIIK).
Billahi taufiq wal hidayah, tsummas assalamualaikum wr.wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

bolehkah mendirikan jamaah lebih dari satu dalam satu desa?

khutbah idul fitri

resume kitab bidayatul hidayah